Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita,
hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira
apepisahan kalawan garwa mayangsari.Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang,
sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat
gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep
warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah,
eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica
hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak
hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta
sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu
swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana,
supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana
tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing
panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke
bali bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil
dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening
gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu
isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake
darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa
sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara
moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek
putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara
iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi
kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing
Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo
Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng
kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra
pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep
kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut
Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake
ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali
Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur
nggawa geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon
Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu
kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati
menang. Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah
ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta
reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu
ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar